Jumat, 31 Oktober 2014

bahasa jawa : keterampilan maca



KETERAMPILAN MACA
KELOMPOK 3

DISUSUN OLEH:
Dessinta Arli Nur Jannah                    (12.141.303)
Martini                                                 (12.141.305)
Karunia Puspa Septina Sari                (12.141.311)

A.   PURWAKA
Saiki awake dituntut nguasani ilmu pengetahuan lan teknologi. Salah sijine tuntutan supaya awake isa nguasani ilmu pengetahuan lan teknologi yaiku kanthi cara maca. Maca kawujud salah sijine ketrampilan basa sing nduweni posisi sing paling penting ing uripe manungsa (Rahim, 2005). Manungsa sing seneng maca oleh pengetahuan lan wawasan anyar sing bakal luwih ningkatake kapinteran, sahingga dheweke kabeh bisa njawab kahanan urip.
Ing dunia pendidikan lan ngajar, aktivitas lan tugas maca wajib dilakoni murid. Iki jalaran kanggo bisa oleh pengetahuan, yaiku kanthi cara maca. Kasuksesane murid ing nggarap tugas-tugas uga ditentokake kanthi kemampuan lan ketrampilan murid ing cara macane. Kanggo iku,maca kawujud salah sijine kunci kanggo ngolehake kasuksesan ing pendidikan.
Ketrampilan maca sing wis dikuasani karo murid-murid ora iso langsung diduweni, nanging ketrampilan kuwi perlu dilatih dhisik supaya murid iso nguwasani ketrampilan kuwi. Biasane ketrampilan maca kuwi dilatihake marang murid wektu mlebu ing sekolah dasar. Neng kene guru ditantang iso ngowehi bekal marang murid supaya trampil maca.
Pembelajaran maca yaiku sarana kanggo ngembangake ketrampilan basa liyane. Pembelajaran maca wiwitan duwe hubungan karo pembelajaran nulis wiwitan amarga sakdurunge ngajarake nulis, guru kudu luwih dhisik ngenalake unine aksara liwat pembelajaran maca wiwitan. Pembelajaran maca wiwitan awujud pembelajaran maca dasar lan kemampuan sing diduweni murid bakal dadi dhasar pembelajaran maca lanjut sing dilakoni ing kelas-kelas sing luwih dhuwur. Maca wiwitan diwenehake kanthi kapilah-pilah, yaiku sakdurunge maca lan pas maca. Ing tahap sakdurunge maca, siswa diwarahi (1) cara lungguh sing apik pas wektu maca, (2) cara ndeleh buku ing dhuwur meja, (3) cara gawa buku, (4) cara mbukak lan malik halaman buku, lan (5) ndeleng lan nggatekake  tulisan.
Pembelajaran maca kanggo tahap wiwitan utawa ing kelas 1 SD dibotakeing bab-bab sing penting, kaya dene pas apa ora wektu nyuarakake aksara, pangucapan lan intonasi sing wajar, kelancaran lan nggenah apa ora suarane. Ketrampilan maca sing dinduweni ing maca wiwitan bakal nduweni pengaruh marang ketrampilan maca lanjut. Nalika dadi ketrampilan sing ndhasari  ketrampilan sakwise, mula ketrampilan maca wiwitan mbutuhake kawigatenguru, amarga yen dhasar kuwi ora kuat, ing tahap maca lanjut murid bakal angel kanggo oleh ketrampilan maca bener sing diarepake marang awake kabeh.

B.   ANDHARAN
1.    Tegese Ketrampilan Maca
Maca yaiku salah sijine saka 4 ketrampilan basa. Ing maca, luwih akeh dibotke ing ketrampilan maca katimbang cara maca iku dhewe. Harimurti Kridalaksana (1984:122) ngomongake maca yaiku nggolek informasi saka wacan, apik sing arupa tulisan utawa saka gambar utawa saka diagram utawa saka kabehane.
Maca yaiku proses sing dilakokake lan dinggoake marang kang maca supaya oleh pesen sing dikarepake karo kang nulis liwat tulisan. Maca ing karepe biasa yaiku nyuarakake aksara utawa aksara-aksara kang awujud tembung lan ukara. Maca ing karep liyane yaiku ndeleng tulisan lan nyuarake utawa ora nyuara (ing njero ati) kanthi ngerti isi tulisane.
Ketrampilan maca kanthi karep kanggo ningkatake ketrampilan murid-murid kanggo omong-omongan kanthi lisan utawa kanthi tulisan.




2.    Jinise Maca
Dindeleng saka krungu lan orane suara kang maca wektu dheweke maca, jinise maca yaiku:

1.    Maca seru
Maca kanthi suara seru yaiku aktifitas sing dadi alat kanggo guru, murid utawa kang maca karo wong liya sing ngrungokake kanggo nangkep lan mangerteni informasi, lan sing dikarepake karo sing nulis.
2.    Maca ing njroning ati
Maca sajroning ati isa nggunakake pangeleng-eleng. Njroning bab iki, sing aktif yaiku mripat lan pangeleng.
3.    Maca Ekstensif
Maca ekstensif yaiku maca kanthi kabeh. Bahanne ngamot sakakeh-akehe aksara ing saithik-ithike wektu.
4.    Maca Survei
Maca survei yaiku milihi bahan wacan sing arep disinaoni kanthi cara:
a.    Aneliti, aneliti daftar ukara-ukara kang ana ing njero buku
b.    Ndeleng, memeriksa, aneliti judu-judul bab sing ana ing njero buku-buku kang kawogan.
c.    Aneliti, aneliti bagan, skema buku.
5.    Maca saklebatan
Maca saklebatan yaiku jenis maca sing gawe mripat awake dhewe obah kanthi cepet ndeleng, bahan ukara kanggo goleki lan ngolehake informasi. Ana 3 karep ing maca saklebatan, yaiku:
a.    Kanggo ngolehake paham saka buku utawa artikel
b.    Kanggo nemokake babakan kang wis gumathok saka wacan
c.    Kanggo nemokake utawa manggonake bab kang dibutuhake ing perpustakaan
6.    Maca dangkal
Maca dangkal utawa superficial reading duweni karep kanggo nemokake karep kang cethek sing ora duweni karep kang njeru saka bahan bacaan. Maca dangkal biasane dilakokake menawa awake maca kanggo kasenengan, maca wacan kang nyenengake sing nekakake kabahagian ing wektu longgar, contone cerita pendek, novel ringan, lan liya-liyane.
7.    Maca Intensif
Maca intensif yaiku sinau seksama, nelaah kanthi teliti sing dilakokake ing njero kelas marang tugas sing sithik, kira-kira loro nganti papat halaman saben dino.
8.    Maca Pemahaman
Maca pemahaman sing dikarepake neng kene yaiku jenis maca sing nduweni karep mahami:
a.    Standar-standar utawa norma-norma kesastraan
b.    Resensi kritis
c.    Drama tulis
d.    Pola-pola fiksi
9.    Maca Kritis
Maca kritis yaiku jenis maca sing dilakokake kanthi wicaksana, kanthi rasa kang njeru, evaluatif, lan analitis, lan ora mung goleki kekliruan.
10.  Maca Ide
Maca ide yaiku jenis kegiatan maca sing nduweni karep goleki, nduweni, lan manfaatake ide-ide kang ana  ing wacan. Sakjroning babakan iki, ana prinsip kang kudu dilelengake sakteruse, yaiku sumber kang nduweni ide-ide dhasar kanggo omong-omongan, lan bocah-bocah luwih akeh omong-omongan lan nulis kanthi apik  menawa dheweke nduwe ide-ide.

Babakan kang dibiji kanggo ningkatake ketrampilan maca tembung aksara jawa kanthi nggunakake cara pembelajaran kang kapilah saka pangucap, intonasi, kelancaran, pemahaman, lan medhot aksara.


3.    Panyinaon

Pedagang Kaki Lima
Ngajeng sekolahan asring wonten tiyang sade es mawi grobag surung. Malah mboten namun tiyang sade es kemawon ingkang andok (kendel kaliyan sadean) wonten ngajeng sekolahan, nanging wonten tukang bakso, tukang soto, tukang roti sedaya sesadean mawi grobag surung. Tukang sadean mawi grobag surung punika dipun wastani “pedagang kaki lima”. Anggenipun sesadean mawi grobag surung punika mratandhani menawi papanipun sesadean mboten manggen tetep. Dados panggenanipun sadean mubeng dateng pundi-pundi. Upaminipun dhateng peken, dhateng seta utawi lapangan olahraga yen pinuju pertandingan.
Wacan ing nduwur yen ditulis gawe aksara jawa, lan uga knek digae latihan para murid, maka dadine ngene ki:

pefg=kkilim
Äzj_se[kolanHsºi=[wonTenTiy=sfeaesMwi[gºobgSuru=.
.............................................................................................................................
.............................................................................................................................
Ämlh[mBotenNmunTiy=sfeaesKem[wonHi=k=a[nFok(kenFelKliynSfean)[wonTen¿nGjezse[kolan¿,nzi=[wonTenÒ|k=b[kSo,tuk=[so[to,tuk=[rotisefysesfean¿mWai[gºobgSuru=.
...............................................................................................................................
...............................................................................................................................
Ätuk=sfeanMwi[gºobgSuru=punikfipunWsTni'pefg=kkilim'.
...............................................................................................................................
...............................................................................................................................
Äa=genipunSesfeanMwi[gºobgSuru=punikmºtnDnimenwippnipunSesfean¿[mBotenM=genTetep¿,
..............................................................................................................................
..............................................................................................................................
Äf[fosP=gennipunSfeanM|b_ft_punFi-punFi.
..............................................................................................................................
..............................................................................................................................
Äaupminipun¿fAtezpeken¿,dt_setautwilpzn[HolhrgyenPinujupe/tnFizn¿,
..............................................................................................................................
..............................................................................................................................
Saka wacan ing nduwur, para murid ora mung dituntut isa maca tulisan la tin wae, nanging para murid ya kudu isa maca ing bentuk aksara jawane. Mergane iku, para murid ya kudu sregep sinau lan latian maca aksara jawa.

4.    Pangembangan
Mergane maca iku proses sing dilakokake lan dinggoake marang kang maca supaya oleh pesen sing dikarepake karo kang nulis liwat tulisan, mula perlu enenge upaya sing isa ngembangake kepengenan saka kang maca kuwi, Upaya sing isa digawe ningkatake keterampilan maca yaiku latian sing tlaten uga kudu nggatekake cara kang bener, kaya ta saka pangucap, intonasi, kelancaran, pemahaman, lan medhot aksara. Sak liane iku uga ana pendapat saka Tarigan (1985:14) menei pendapat yen guru basa kudune isa ngrewangi sarta mbimbing para murid kanggo ngembangake sarta ningkatake keterampilan-keterampilan sing dibitihne dek’e pas maca. Upaya sing isa dilaksanakake gawe ningkatake keterampilan maca iku miturut rangkuman Tarigan (1985:15) saka kasil racik’an Finocchiaro (1974:80-81), Finocchiaro lan Bonomo (1973:121-123), dan Finocchiaro (1964:81-83), kayata ing ngisor :
1.    Guru isa nulung para murid nyugihake kosa katane dek’e kanthi dalan:
a.    Ngenalake sinonim tembung-tembung, Antonim tembung-tembung, parafrase, tembung-tembung sing dasare pada;
b.    Ngenalake imbuhan (tambahan), sing cakupane awalan, sisipan, lan akiran.
c.    Ngira-ngira utawa dek’e maknani tembung-tembung saka konteks utawa hubungane kalimat.
d.    Yen perlu, njelaske arti tembung sing isih campuran karo migunakne basa daerah utawa basa simbok’e murid.
2.    Guru isa ngrewangi para murid gawe mahami arti struktur-struktur tembung, kalimat lan sapanunggalane kanthi cara-cara sing wis diomongne ing nduwur, diwenei latihan sak perlune.
3.    Yen perlu guru isa menei sarta njelasake kawasan utawa pangerttiane kiasan, sindiran, ungkapan, pepatah, paribasa, lan liya-liyane ing basa daerah utawa basa  simbok’e murid.
4.    Guru isa njamin sarta mastekake pemahaman para murid kanthi akeh cara, misale;
a.    Ngutarakake apa wae jenise pitakon marang kalimat sing pada, tuladhane, gawe kalimat :Bapake guru”, guru isa takon: “Apa Baapak e Guru?”, “Sapa Bapake?”, “Apa Pakaryane Bapake?” utawa “Apa Sak ngertine marang Pakaryane Bapake?”
b.    Ngutarakake pitakon, sing jawabane isa ditemokake marang para murid kanthi cara Verbatein (tembung kelawan tembung) ing bakal wacanan.
c.    Ngongkon para murid nggawe rangkuman utawa inisari saka paragraf. Rangkuman iku kudune nyakup pikiran- pikiran penting ing urutan siong wajar.
d.    Nakokake apa pikiran pokok ing paragraf.
e.    Ngongkon para murid supaya nggoleki tembung-tembung sing nggambarake uwong utawa salah sijine cara – sing nyatakake yen wong iku lagi cepet-cepet, nesu, lan sapanunggalane
f.     Nunjukake tetembungan-tetembungan sing kurang apik panggonan/susunane, lan ngongkon para murid supaya nyelehake marang panggon/susunan sing tepat.
5.    Guru isa ningkatake cepete maca para murid, kanthi cara kayata:
a.    Yan para murin dikongkon maca ing njero ati, ukuren wektu maca kuwi:
b.    Kudune diusahakne ben wektu kuwi saya tambah singkat sarta efisien kanthi teratur sakdawane taun.
c.    Kudune dihindarne obahe-obahe lambe yen pas maca ing njero ati, perkara iku ora apik ora perlu dilaksanakake para murid:
d.    Kudune dijelasne tujuan khusus, tujuan tertentune maca iku marang para murid. Dek’e kudu isa nemukake saka bakal wacan jawaban marang pira-pira pitakon, utawa pira-pira tembung utawa ide, pendapat, utawa pikiran utama/pikiran pokok, lan sapanunggalane.












C.   DUDUTAN
Maca kawujud salah sijine ketrampilan basa sing nduweni posisi sing paling penting ing uripe manungsa (Rahim, 2005). Manungsa sing seneng maca oleh pengetahuan lan wawasan anyar sing bakal luwih ningkatake kapinteran, sahingga dheweke kabeh bisa njawab kahanan urip. Nanging yen didilok kahanane saiki akeh para murid sing wis ora sregep maca, mulo kuwi perlu enenge kesadaran saka uwong-uwonge utamane para guru ya kudu isa dadi panutan sing apik kanggo murid-muride bebarengan nglestariake “budaya tresna maca”

























KEPUSTAKAAN
Maruti, Purnomo, 2013. Pembelajaran Bahasa Jawa Di Sekolah Dasar. Surabaya:Sahabat Mandiri
Tampubolon. 1987. Kemampuan Membaca Teknik Membaca Efektif dan Efisien. Bandung: Angkasa
Zainuddin.1992. Materi Pokok Bahasa dan Sastra Indonesia.Jakarta : PT. RINEKA CIPTA











Tidak ada komentar:

Posting Komentar