KETERAMPILAN MACA
KELOMPOK 3
DISUSUN
OLEH:
Dessinta Arli
Nur Jannah (12.141.303)
Martini (12.141.305)
Karunia Puspa
Septina Sari (12.141.311)
A. PURWAKA
Saiki
awake dituntut nguasani ilmu pengetahuan lan teknologi. Salah sijine tuntutan
supaya awake isa nguasani ilmu pengetahuan lan teknologi yaiku kanthi cara
maca. Maca kawujud salah sijine ketrampilan basa sing nduweni posisi sing paling
penting ing uripe manungsa (Rahim, 2005). Manungsa sing seneng maca oleh
pengetahuan lan wawasan anyar sing bakal luwih ningkatake kapinteran, sahingga
dheweke kabeh bisa njawab kahanan urip.
Ing
dunia pendidikan lan ngajar, aktivitas lan tugas maca wajib dilakoni murid. Iki
jalaran kanggo bisa oleh pengetahuan, yaiku kanthi cara maca. Kasuksesane murid
ing nggarap tugas-tugas uga ditentokake kanthi kemampuan lan ketrampilan murid
ing cara macane. Kanggo iku,maca kawujud salah sijine kunci kanggo ngolehake
kasuksesan ing pendidikan.
Ketrampilan
maca sing wis dikuasani karo murid-murid ora iso langsung diduweni, nanging
ketrampilan kuwi perlu dilatih dhisik supaya murid iso nguwasani ketrampilan
kuwi. Biasane ketrampilan maca kuwi dilatihake marang murid wektu mlebu ing
sekolah dasar. Neng kene guru ditantang iso ngowehi bekal marang murid supaya
trampil maca.
Pembelajaran
maca yaiku sarana kanggo ngembangake ketrampilan basa liyane. Pembelajaran maca
wiwitan duwe hubungan karo pembelajaran nulis wiwitan amarga sakdurunge
ngajarake nulis, guru kudu luwih dhisik ngenalake unine aksara liwat
pembelajaran maca wiwitan. Pembelajaran maca wiwitan awujud pembelajaran maca
dasar lan kemampuan sing diduweni murid bakal dadi dhasar pembelajaran maca lanjut
sing dilakoni ing kelas-kelas sing luwih dhuwur. Maca wiwitan diwenehake kanthi
kapilah-pilah, yaiku sakdurunge maca lan pas maca. Ing tahap sakdurunge maca,
siswa diwarahi (1) cara lungguh sing apik pas wektu maca, (2) cara ndeleh buku
ing dhuwur meja, (3) cara gawa buku, (4) cara mbukak lan malik halaman buku,
lan (5) ndeleng lan nggatekake tulisan.
Pembelajaran
maca kanggo tahap wiwitan utawa ing kelas 1 SD dibotakeing bab-bab sing penting, kaya dene pas apa ora wektu
nyuarakake aksara, pangucapan lan intonasi sing wajar, kelancaran lan nggenah
apa ora suarane. Ketrampilan maca sing dinduweni ing maca wiwitan bakal nduweni
pengaruh marang ketrampilan maca lanjut. Nalika dadi ketrampilan sing
ndhasari ketrampilan sakwise, mula
ketrampilan maca wiwitan mbutuhake kawigatenguru, amarga yen dhasar kuwi
ora kuat, ing tahap maca lanjut murid bakal angel kanggo oleh ketrampilan maca
bener sing diarepake marang awake kabeh.
B. ANDHARAN
1. Tegese
Ketrampilan Maca
Maca
yaiku salah sijine saka 4 ketrampilan basa. Ing maca, luwih akeh dibotke ing
ketrampilan maca katimbang cara maca iku dhewe. Harimurti Kridalaksana (1984:122) ngomongake maca yaiku nggolek
informasi saka wacan, apik sing arupa tulisan utawa saka gambar utawa saka
diagram utawa saka kabehane.
Maca
yaiku proses sing dilakokake lan dinggoake marang kang maca supaya oleh pesen
sing dikarepake karo kang nulis liwat tulisan. Maca ing karepe biasa yaiku
nyuarakake aksara utawa aksara-aksara kang awujud tembung lan ukara. Maca ing
karep liyane yaiku ndeleng tulisan lan nyuarake utawa ora nyuara (ing njero
ati) kanthi ngerti isi tulisane.
Ketrampilan
maca kanthi karep kanggo ningkatake ketrampilan murid-murid kanggo
omong-omongan kanthi lisan utawa kanthi tulisan.
2. Jinise
Maca
Dindeleng saka
krungu lan orane suara kang maca wektu dheweke maca, jinise maca yaiku:
1.
Maca
seru
Maca kanthi suara seru yaiku aktifitas
sing dadi alat kanggo guru, murid utawa kang maca karo wong liya sing
ngrungokake kanggo nangkep lan mangerteni informasi, lan sing dikarepake karo
sing nulis.
2.
Maca
ing njroning ati
Maca sajroning ati isa nggunakake
pangeleng-eleng. Njroning bab iki, sing aktif yaiku mripat lan pangeleng.
3.
Maca
Ekstensif
Maca ekstensif yaiku maca kanthi
kabeh. Bahanne ngamot sakakeh-akehe aksara ing saithik-ithike wektu.
4.
Maca
Survei
Maca survei yaiku milihi bahan wacan
sing arep disinaoni kanthi cara:
a.
Aneliti,
aneliti daftar ukara-ukara kang ana ing njero buku
b.
Ndeleng,
memeriksa, aneliti judu-judul bab sing ana ing njero buku-buku kang kawogan.
c.
Aneliti,
aneliti bagan, skema buku.
5.
Maca
saklebatan
Maca saklebatan yaiku jenis maca sing
gawe mripat awake dhewe obah kanthi cepet ndeleng, bahan ukara kanggo goleki
lan ngolehake informasi. Ana 3 karep ing maca saklebatan, yaiku:
a.
Kanggo
ngolehake paham saka buku utawa artikel
b.
Kanggo
nemokake babakan kang wis gumathok saka wacan
c.
Kanggo
nemokake utawa manggonake bab kang dibutuhake ing perpustakaan
6.
Maca
dangkal
Maca dangkal utawa superficial reading duweni karep kanggo
nemokake karep kang cethek sing ora duweni karep kang njeru saka bahan bacaan.
Maca dangkal biasane dilakokake menawa awake maca kanggo kasenengan, maca wacan
kang nyenengake sing nekakake kabahagian ing wektu longgar, contone cerita
pendek, novel ringan, lan liya-liyane.
7.
Maca
Intensif
Maca intensif yaiku sinau seksama,
nelaah kanthi teliti sing dilakokake ing njero kelas marang tugas sing sithik,
kira-kira loro nganti papat halaman saben dino.
8.
Maca
Pemahaman
Maca pemahaman sing dikarepake neng
kene yaiku jenis maca sing nduweni karep mahami:
a.
Standar-standar
utawa norma-norma kesastraan
b.
Resensi
kritis
c.
Drama
tulis
d.
Pola-pola
fiksi
9.
Maca
Kritis
Maca kritis yaiku jenis maca sing
dilakokake kanthi wicaksana, kanthi rasa kang njeru, evaluatif, lan analitis,
lan ora mung goleki kekliruan.
10. Maca Ide
Maca ide yaiku jenis kegiatan maca
sing nduweni karep goleki, nduweni, lan manfaatake ide-ide kang ana ing wacan. Sakjroning babakan iki, ana
prinsip kang kudu dilelengake sakteruse, yaiku sumber kang nduweni ide-ide
dhasar kanggo omong-omongan, lan bocah-bocah luwih akeh omong-omongan lan nulis
kanthi apik menawa dheweke nduwe
ide-ide.
Babakan kang dibiji kanggo ningkatake
ketrampilan maca tembung aksara jawa kanthi nggunakake cara pembelajaran kang
kapilah saka pangucap, intonasi, kelancaran, pemahaman, lan medhot aksara.
3. Panyinaon
Pedagang Kaki Lima
Ngajeng sekolahan asring
wonten tiyang sade es mawi grobag surung. Malah mboten namun tiyang sade es
kemawon ingkang andok (kendel kaliyan sadean) wonten ngajeng sekolahan, nanging
wonten tukang bakso, tukang soto, tukang roti sedaya sesadean mawi grobag
surung. Tukang sadean mawi grobag surung punika dipun wastani “pedagang kaki
lima”. Anggenipun sesadean mawi grobag surung punika mratandhani menawi
papanipun sesadean mboten manggen tetep. Dados panggenanipun sadean mubeng
dateng pundi-pundi. Upaminipun dhateng peken, dhateng seta utawi lapangan
olahraga yen pinuju pertandingan.
Wacan ing nduwur yen ditulis gawe
aksara jawa, lan uga knek digae latihan para murid, maka dadine ngene ki:
pefg=kkilim
Äzj_se[kolanHsºi=[wonTenTiy=sfeaesMwi[gºobgSuru=.
.............................................................................................................................
.............................................................................................................................
Ämlh[mBotenNmunTiy=sfeaesKem[wonHi=k=a[nFok(kenFelKliynSfean)[wonTen¿nGjezse[kolan¿,nzi=[wonTenÃ’|k=b[kSo,tuk=[so[to,tuk=[rotisefysesfean¿mWai[gºobgSuru=.
...............................................................................................................................
...............................................................................................................................
Ätuk=sfeanMwi[gºobgSuru=punikfipunWsTni'pefg=kkilim'.
...............................................................................................................................
...............................................................................................................................
Äa=genipunSesfeanMwi[gºobgSuru=punikmºtnDnimenwippnipunSesfean¿[mBotenM=genTetep¿,
..............................................................................................................................
..............................................................................................................................
Äf[fosP=gennipunSfeanM|b_ft_punFi-punFi.
..............................................................................................................................
..............................................................................................................................
Äaupminipun¿fAtezpeken¿,dt_setautwilpzn[HolhrgyenPinujupe/tnFizn¿,
..............................................................................................................................
..............................................................................................................................
Saka
wacan ing nduwur, para murid ora mung dituntut isa maca tulisan la tin wae,
nanging para murid ya kudu isa maca ing bentuk aksara jawane. Mergane iku, para
murid ya kudu sregep sinau lan latian maca aksara jawa.
4. Pangembangan
Mergane
maca iku proses sing dilakokake lan dinggoake marang kang maca supaya oleh
pesen sing dikarepake karo kang nulis liwat tulisan, mula perlu enenge upaya
sing isa ngembangake kepengenan saka kang maca kuwi, Upaya sing isa digawe
ningkatake keterampilan maca yaiku latian sing tlaten uga kudu nggatekake cara
kang bener, kaya ta saka pangucap, intonasi, kelancaran, pemahaman, lan medhot
aksara. Sak liane iku uga ana pendapat saka Tarigan
(1985:14) menei pendapat yen guru basa kudune isa ngrewangi sarta mbimbing para
murid kanggo ngembangake sarta ningkatake keterampilan-keterampilan sing
dibitihne dek’e pas maca. Upaya sing isa dilaksanakake gawe ningkatake
keterampilan maca iku miturut rangkuman Tarigan (1985:15) saka kasil racik’an Finocchiaro (1974:80-81), Finocchiaro lan Bonomo (1973:121-123), dan Finocchiaro
(1964:81-83), kayata ing ngisor :
1.
Guru
isa nulung para murid nyugihake kosa katane dek’e kanthi dalan:
a. Ngenalake sinonim tembung-tembung, Antonim
tembung-tembung, parafrase,
tembung-tembung sing dasare pada;
b.
Ngenalake
imbuhan (tambahan), sing cakupane awalan, sisipan, lan akiran.
c.
Ngira-ngira
utawa dek’e maknani tembung-tembung saka konteks utawa hubungane kalimat.
d.
Yen
perlu, njelaske arti tembung sing isih campuran karo migunakne basa daerah
utawa basa simbok’e murid.
2.
Guru
isa ngrewangi para murid gawe mahami arti struktur-struktur tembung, kalimat
lan sapanunggalane kanthi cara-cara sing wis diomongne ing nduwur, diwenei
latihan sak perlune.
3.
Yen
perlu guru isa menei sarta njelasake
kawasan utawa pangerttiane kiasan, sindiran, ungkapan, pepatah, paribasa,
lan liya-liyane ing basa daerah utawa basa
simbok’e murid.
4.
Guru
isa njamin sarta mastekake pemahaman para murid kanthi akeh cara, misale;
a.
Ngutarakake
apa wae jenise pitakon marang kalimat sing pada, tuladhane, gawe kalimat
:Bapake guru”, guru isa takon: “Apa Baapak e Guru?”, “Sapa Bapake?”, “Apa
Pakaryane Bapake?” utawa “Apa Sak ngertine marang Pakaryane Bapake?”
b.
Ngutarakake
pitakon, sing jawabane isa ditemokake marang para murid kanthi cara Verbatein (tembung kelawan tembung) ing
bakal wacanan.
c.
Ngongkon
para murid nggawe rangkuman utawa inisari saka paragraf. Rangkuman iku kudune
nyakup pikiran- pikiran penting ing urutan siong wajar.
d.
Nakokake
apa pikiran pokok ing paragraf.
e.
Ngongkon
para murid supaya nggoleki tembung-tembung sing nggambarake uwong utawa salah
sijine cara – sing nyatakake yen wong iku lagi cepet-cepet, nesu, lan
sapanunggalane
f.
Nunjukake
tetembungan-tetembungan sing kurang apik panggonan/susunane, lan ngongkon para
murid supaya nyelehake marang panggon/susunan sing tepat.
5.
Guru
isa ningkatake cepete maca para
murid, kanthi cara kayata:
a.
Yan
para murin dikongkon maca ing njero ati, ukuren wektu maca kuwi:
b.
Kudune
diusahakne ben wektu kuwi saya tambah singkat sarta efisien kanthi teratur
sakdawane taun.
c.
Kudune
dihindarne obahe-obahe lambe yen pas maca ing njero ati, perkara iku ora apik
ora perlu dilaksanakake para murid:
d.
Kudune
dijelasne tujuan khusus, tujuan tertentune maca iku marang para murid. Dek’e
kudu isa nemukake saka bakal wacan jawaban marang pira-pira pitakon, utawa
pira-pira tembung utawa ide, pendapat, utawa pikiran utama/pikiran pokok, lan
sapanunggalane.
C. DUDUTAN
Maca
kawujud salah sijine ketrampilan basa sing nduweni posisi sing paling penting
ing uripe manungsa (Rahim, 2005). Manungsa sing seneng maca oleh pengetahuan
lan wawasan anyar sing bakal luwih ningkatake kapinteran, sahingga dheweke
kabeh bisa njawab kahanan urip. Nanging yen didilok kahanane saiki akeh para
murid sing wis ora sregep maca, mulo kuwi perlu enenge kesadaran saka
uwong-uwonge utamane para guru ya kudu isa dadi panutan sing apik kanggo
murid-muride bebarengan nglestariake “budaya tresna maca”
KEPUSTAKAAN
Maruti,
Purnomo, 2013. Pembelajaran Bahasa Jawa
Di Sekolah Dasar. Surabaya:Sahabat Mandiri
Tampubolon.
1987. Kemampuan Membaca Teknik Membaca Efektif dan Efisien. Bandung:
Angkasa
Zainuddin.1992.
Materi Pokok Bahasa dan Sastra Indonesia.Jakarta
: PT. RINEKA CIPTA